Jumat, 29 Agustus 2014

Cara Membawa Acara Jam'iyahan Dengan Bahasa Jawa Campur

Begini nih contoh rangkaian kata petugas pembawa acara pada jamiyahan :
PEMBAWA ACARA
……………………………………………………………………………………………………………………………………………..............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
        Hadrotil mukaromin Porongalim, Poro 'ulama wabil khusus dumateng panjenenganipun Bapak Ustad Dahirin. Selaku pembimbing Jamiah Fatayat kelompok masjid baitulikhsan, ingkang kawulo miderek fatwah soho nasehatipun. Ugi mboten supe dumateng panjenenganipun bapak ustad soho ustadah ingkang kawulo hormati. Lan dumateng sesepuh Agami komplek Karanggintung mriki ingkang kawulo hormati. Lan dumateng Ibu - ibu muslimat lan sahabat – sahabat fatayat ingkang kawulo hormati ugi.
          Pertama – tama kito sedoyo saged muji syukur dumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi pinten–pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo ,sehinggo kito sedoyo saged pinanggih kempal utawi bermuajahah wonten ing masjid ingkang penuh barokah niki, inggih puniko wontenipun pengaosan rutin.
          Kaping kalihipun solawat soho salam mugi konjuk dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW , ingkang kulo lan panjenengan ajeng-ajeng syafaatipun benjing wontening illa yaumil kiyamat , amin Allohuma amiin.
          Majengipun kulo ing ngarsonipun panjenengan sedoyo , mboten sanes namung badhe maosaken susunan acara ing siang puniko.
Acara ing kang pertama inggih puniko Pembukaan,
Kaping kalihipun waosan ayat – ayat suci Al Quran .
Kaping tigo waosan sholawat Nabi .
Kaping sekawan waosan tahlil .
Kaping gangsal sambutan – sambutan .
Kaping enemipun mau'idotul khasanah lan doa .

Kranten wekdalipun sampun cekap sonten monggo kito buka sareng – sareng khanti waosan umul kitab ing kang rumiyun ……… ……… …… … …………… …… …… …… ……… ……… ………… …… ……… …… …………… …… ……… … ……  …  Al fatihah .
Acara ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat – ayatsuci al – quran, ingkang bade dipun waosaken dening ……… ……… ……… ……… ………  wekdal soho panggenan kulo aturaken sumonggo . 
Matur nuwun atas waosanipun ayat – ayat suci Al–Quran ,mugio dipun tampi deneng Alloh SWT , amiin .
Acara ingkang kaping tigo inggih puniko ,waosan solawat nabi ingkang bade dipun waosaken dening ……… …… …… ……… ……  Wekdal soho panggenan kulo aturaken sumonggo. 
Matur nuwun atas waosanipun solawat nabi mugi – mugi kito sedoyo angsal syafaatipun wontening dinten kiyamat ,amiin .
Acara ingkang kaping sekawan inggih puniko waosan Tahlil ingkang bade dipun pimpin dening ……… ……… Wekdal soho panggenan kulo aturaken sumonggo. 
Matur nuwun atas waosan tahlilipun mugi – mugi dipun tampi dateng Alloh SWT, amiin
Acara ingkang kaping gangsal inggih puniko Sambutan – sambutan .
Sambutan pertama ingkang badhe dipunaturaken dening ……… ……… ……… ………… …… ……… ………… …… ……
Sambutan kaping kalih ingkang badhe dipun aturaken dening ……… ………… …
Sambutan kaping tigo ingkang badhe dipun aturaken dening ……… ……… ……… ………… ………… ……… …………
Sambutan kaping sekawan ingkang badhe dipun aturaken dening ……… ……… ……… …… ……… ……………………
Matur suwun atas sambutanipun mugi – mugi dados petunjuk kulo sedoyo lan angsal piwales saking Alloh SWT, amiin .
          Acara ingkang terahir inggih puniko mau'idotul khasanah lan do’a ,ingkang bade dipun sampeakan dening panjenenganipun …… …… wekdal soho panggenan kulo aturaken sumonggo.
Lan sederengipun acara dipun akhiri, kulo atas name pembawa acara mbok bilih wonten katah keluputan lan kekurangan kulo nyuwun agunging pangapunten dumateng panjenengan sedoyo. Kanthikuloakhiri , billahitaufiqwalhidayah ………… ……………  …………… 
By Hadi S 29.08.2014